PIWULANG ASTHABRATA
Kepemimpinan ( leadership) minangka
perangan wigati kanggo mujutake peradapan bangsa supaya bisa luwih maju. Sarat
baku kanggo mujutake kepemimpinan kang becik kanti cara weruh lan mangerteni
etika kepemimpinan. Indonesia tumeka saiki isih diadhepake krisis maneka
bidang, salah sawijine krisis kang paleng katon yaiku krisis kepemimpinan
kahanan kepemimpinan ing Indonesia saya suwe saya mirisake. Watak, wantu, lagu,
lan lageyan para pemimpin ing jaman modern iki akeh kang kurang prayoga kanthi
migunakke cara-cara “Sengkuni” . weruh lan mangerteni konsep kepemimpinan
tradisional jawa kang ngandhut piwulang moral dirasa dibutuhake. Piwulang moral
ngenani prinsip kepemimpinan sajrone taradisi jawa diandharake ing maneka
reriptan kasusastran, salah sawijine ana ing piwulang Asthabrata.
Piwulang Asthabrata iku ana ing siklus
carita Ramayana tinemu nalika Rama Wijaya paring pitutur marang Raden Barata
kang bakal ngganti jumeneng nata ing Ayodya lan Wibisana nalika dadi nata ing
Alengka utawa Singgela sasurude Prabu Dasamuka. Piwulang iki bisa minangka
pandom, dene wos ing piwulang pemimpin kudu mengkani lan muhoni watake dewa 8
sarta wolu sifat unsur alam. Tembung Asthabrata saka tembung “Asta” kang tegese
wolu, lan “Brata” tegese laku. Dene jlentrehe mangkene:
1. Surya
( srengenge)
Srengenge iku ora pilih kasih, kabeh
sing ana ing alam donyo diwenehi sorot, diwenehi panguripan. Ategese dadi
pemimpin kudu adil, ora pilih kasih, ora mbahu kapine, ojo emban cindhe emban
siladhan, ojo gampang molah malih panemune, esok dele sore tempe, tansah teteg
lan nuhoni marang sakabehing ucape, supaya adhahane ora dadi bingung.
2. Candra
( rembulan)
Padhang njimblang sorote maweh daya
adem lan jinem nagning uga dadi cecoloking laku. Ojo nyawang kawula among
sarana suasana kang padhang, nanging njeroning peteng uga gagapana, endi sing
marakake dadi pepeteng sirnakno sarana sing seming rasa adedasar gelem kurban
kang sepi ing pamrih, rame ing gawe. Kanthi mengkono, pemimpin iku kudu paring
pepadhang marang kawula sing nandang peteng (susah atine), adhedasar rasa
trisna lan welas asih.
3. Sudama
(lintang)
Lintang bisa kanggo pandom tumrap para
among tani sarta misaya mina, sunare pating galenbyar. Kabeh mau menehi
pralambak menawa pemimpin dadiyo lintang sing tansah menehi sesuluh marang
andhahane, bisa membat mentul pamikire trep karo kahanan alus budi pekertine
landhep panggraitane, njunjung sesanti ing
ngarsa sung tuladha,bisa kanggo patuladhan para andhahane, ora seneng
pamer, lelemeran, ngumbar tetembungan sing bisa nuwuhake congkrah wong siji lan
sijine.
4. Himandha
(mega/mendhung)
Pemimpin kudu bisa paring dalan
tumujuning kamulyan lan katentreman para kawulane, ambeg adil paramartha, kersa paring ganjaranmarang sapa wae sing
bisa gawe tentrem lan pinunjul ing samubarang karya, uga paring paukuman marang
sapa wae sing pancen luput, tanpa pilih sanak kadhang, wong cinaket lankudu
bisa mbedakake wong sing api-api trisna lan wong sing pancen gelem bela lair
lan batine. Ojo gampang kegiwang dening tetembungan becik ing lahire sebab
kabeh mau bisa dadi racun.
5. Kisma
(lemah)
Lemah iku tansah dedana lan gawe
bungahing manungsa. Lemah ora tau serik, ora sambat nanging malah dadi
sumbering panguripaning titah ing ngalam donyo iki. Tegese pemimpin iku tansah
sabar ora gampang nesu, menawa diwenehi panyarue utawa kritik lan
pamrayoga/saran, nagnging pemimpin kudu sabar kaya dene lemah kejaba iku
pemimpin kudu seneng weweh marang sok sopo wae, marang wong sing diayomi, ora
cetil, ora owelan, kudu iklas lahir lan batine. Saengga wong sing ana sakiwa
tengene rumangsa antuk panguripan saengga dadi tentrem uripe. Sabecik becike
wong urip, yen bisa migunani uripe kanggo wong liya.
6. Dahana
(geni)
Geni nduweni watak pambrasta. Watak iki
ana ing sambung rapete karo kawibawan. Pemimpin kudu bisa nyingkirake angkara
murka, kaya geni sing bakal ngobong opo bae lan bakal gawe srinane tumindak ala
ing alam donya ndandani tumindak kang nista, njejekake bebener. Pemimpin kudu
bisa ngrampungake nganggo kawibawane. Ora mung bisa ngluputake nagging kudu
bisa menehi tuladha sing bener lan utama.
7. Tirta
(banyu)/ samudra (segara)
Watake banyu iki tansah adem, mili
mangisor uga dadi sumbering panguripan manjing ajur ajer manut kahanan.tegese
dadi pemimpin kudu bisa ngayomi andhahane, satemah andhahane rumangsa ayem,
adem, lan tentrem. Menawa ana perkara kudu ditlusur luwih disik, ojo gampang
nibakkake pangancam marang wong sing dianggep luput. Kudu bisa milahake
tumindak nista, madya lan utama kanthi pikiran kang wening.
8. Maruta
(angin)
Angin ikku ana ing ngendi wae, karepe
pemimpin iku ora mbedakake kawulane bisa momong marang kawula ing papan ngendi
wae. Wataking angin kang alon –alon rumangsa sumilir. Ngemu teges yen pemimpin iku
anggone ngawat-awati sakabehing tumindake andhahane ojo ngawitarani, yen
cubriya yo ojo dikaton katonake saengga andhahane dadi ora jenjem anggone
nindakake pakaryan. Pemimpin kudu bisa manjing ajur ajer. Yen ana andgahan sing
para wadulan, kudu ditlesih lan ditliti priksa luwih disik. Menawa ana sing
kaanggep luput wenehana pangapura kanthi legawa, bebasan sing jembar segarane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar